Teks ini akan dicetak miring == Gambar:Teks judul[[Media:
Tèks garis ngisor]] == Camat iku pemimpin kecamatan sing dadi narapraja ing sangisoré Kabupaten/Kutha. Camat ngaturaké tanggung jawabé marang bupati liwat Sekretaris Daerah Kabupaten/Kutha. Camat diangkat déning Bupati/Walikota kanthi usulan Sekretaris Daerah Kabupaten/Kota seka Pegawai Negeri Sipil kang cocok syaraté.
Camat iku mbawahi Lurah, nanging ora kanggoné Kepala Desa.
Ir. Marco Panggabean Camat Pertama Kecamatan Siatas Barita Camat puniko menawi jaman karajan dipun wastani Panewu, amargi piyambakipun gadhah prajurit cacah sewu (1000). Lajeng ing jaman Walanda, Camat puniko assisten Wedana, pramio asring dipun arani "ndoro sten". Ing Jaman Kamardikan Camat puniko kepala wilayah Kecamatan, nggadahi wilayah nggih puniko Desa. Kanthi mekaten Desa dados andhahanipun Camat, miturut UU n0 5 taun 1974 tentang Pemerintahan ing Daerah lan UU no 5 taun 1979 tentang Pemerintahan Desa, Camat dados Penguasa tunggal administratur pemerintahan, pembangunan lan kemasyarakatan ing wilayahipun. Wonten era otonomi daerah dasar UU no 22 tahun 1999 lan UU no 32 tahun 2004 tentang Pemerintahan Daerah, Camat mboten dados penguasa tunggal, namung perangkat daerah ingkang gadhah wilayah kerja nggih puniko Desa lan Kelurahan. Desa mboten dados bawahan Camat, namung kanthi pelimpahan wewenang Bupati, Desa dados wilayah kerja Camat. Ingkang artosipun Camat gadhah wewenang kangge nggulo wentah pemerintahan desa.
stock | retire | vm
Why are we here?
All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License
This page is cache of Wikipedia. History